06 January 2013

Wis rak iso maneh, mbobol indosatm2

Awet 26? Desember kae "bolonge" indosatm2 kethoke wis ditembel :) mbiyen (wis rong taun luwih) aku iso entuk akun broadband CDMA, IP publik (enak nggo P2P), lan quota unlimited gratis tjuk, lumayan tho cuma modal kertu perdana limang ewu thok iso ngenet taunan.

Jane aku jek ngarep-arep yen ki mung sementara, kan iso uga ono sing didandani apane ngono. Yo wis lah matur suwun kaliyan indosat aku wis pikantuk ilmu kathah saking internet. Donlod'ane wis tekan 200 DVD! Suwun sanget!

Saiki wis bener2 1 RUIM = 1 akun tenan. hehe, yen nyoba mbobol akun pascabayar bakal ntuk error 718 (biasane 691).

Indosat2 bolong koyo ngene kok kudu ngenteni telung taun (luwih ya'e) lagi diprenahke! network admine mangan gaji buta kwi, ha ha.

Ki aku lagi jajal smartfren, kethoke unlimited sing paling murah yo? namung sakdurunge, meh jajal nembak superwifi lokal ah.

No comments:

Post a Comment